Minggu, 30 Juni 2013

Carane Instal Netframework 3.5 Ning Windows 8 (OFFLINE)

Sopo sing ora seneng yen enek OS anyar di launching, mesti podo seneng to? Semono ugo aku, aku yo seneng nek enek OS anyar. La iki aku lagi pengin nyoba windows 8 jarene luwih enteng timbange windows 7 dadi aku yo nyoba instal. Yo biasane mesti enek sesuatu sing anyar tur gawe bingung yang ngadepi windows anyar. Nah saiki aku nemoni masalah, yo kui instal netframework 3.5 ning windows 8.

Akhire golek-golek pie carane, saiki wes ketemu ben samapean ga mumet golek2,  kene tak kei tutoriale:


  1. Kopinen isine folder "sxs" sing ning jero installermu ( ning flashsidk opo DVD sak2mu), gaweo folder "jos" ning drive C dadine "C:\jos", nah kopinen isine folder  "sxs" ning kono.
  2. Bar kui bukao CMD di run adminstrator "command prompt admin", bar kui metu cmd sing layare ireng bar kui ketik iki   dism.exe /online /enable-feature /featurename:NetFX3 /Source:c:\jos /LimitAccess terus ENTER. 
  3. Tunggoni prosese sampe 100%, nek wes bar kui yo wes rampung, wes terinstal Netframework 3.5 Ning Windows 8.
Wes gur ngono tok, penak to.. ndang di coba timbang mumet ndhasmu...